Begal Motor
Ing sepisan
wayah enek wong sing jenenge mbok Jum. Mbok Jum teko saka deso banjur arep
golek kerjo ning kutho. Mbok Jum saka omahe numpak bis banjur teko kutho Yogja.
Mbok Jum numpak bis saksuwine 3 jam perjalanan saka omahe, lan akhire teko
terminal ing Yogja. Mbok Jum ora langsung moro ning nggon kerjone nanging kudu
goleki lan tekok-tekok disik alamate sing wes digowo saka omah. Mbok Jum mlaku
karo tekok alamat sing digowo kuwi. “ Jln. Mawar No.17 niku pundi nggih?“ tekok
Mbok Jum. “Jln. Mawar no.17 niku lurus, terus nek wonten prapatan niku menggok
ngiri, terus nek wonten omah gede warnane biru nggih niku”. Jawabe sing
ditakoki Mbok Jum. “O nggih matur suwun”. Sawise takok alamate kuwi, Mbok Jum
langsung moro ning alamat sing wes ditakoke mau.
Sawise mlaku
kiro-kiro setengah jam akhire Mbok Jum teko ing omah gede sing warnane biru.
“Assalamualaikum”. Salame Mbok Jum. “Waalaikumsalam”. Jawabe sing duwe omah.
“kulo ajeng nglamar kerjo dados pembantu teng mriki buk”. “nggih buk kulo Bu
Sinta, panjenengan namine sinten ?”. “kulo Jum utawa saget ditimbali Mbok Jum”.
“Mbok Jum panjenengan pun saget kerjo awet sak niki”. “matur suwun nggih Bu Sinta”. “nggih Mbok Jum
sami-sami, pun mriko nyapu ruang tamu niku”.
Akhire Mbok
Jum ditrimo kerjo ning gone Bu Sinta. Mbok Jum langsung gowo barang-barang sing
digowo ning kamar sing khusus nggo pembantu. Sawise deleh barang-barange, Mbok
Jum langsung nyapu ruang tamu. Mbok Jum nglakoni opo sing mesthi dilakoni
pembantu, contone ngepel, nyapu, nyetrika, lan sapanunggale.
Ora kroso
dina wes sore lan kabeh kerjaane wes bar kabeh. Mbok Jum leren ning jero kamar.
Mergo wes ditrimo kerjo ning omahe Bu Sinta, Mbok Jum nelpon pak Bejo. Pak Bejo
kuwi yaiku bojone Mbok Jum. “Assalamualaikum, pak aku wes ditrimo kerjo neng
Yogja pak, neng gone Bu Sinta”. Omonge Mbok Jum. “yo Alhamdulillah yo buk, piye
Bu Sinta wonge”. Omonge pak Bejo. “Bu Sinta wonge apikan, sabar, lan ramah
pak”. “yo syukur nek ngono, dijogo yo buk kesehatane”. “iyo pak, yowes pak yo,
ki pulsane arek entek, Wassalamualaikum”. “Waalaikumsalam”. Jawabe pak Bejo.
Sawise nelpon pak Bejo, Mbok Jum langsung turu ning kamar.
Ing dino
sesuke, Mbok Jum kudu tangi luwih isuk mergo kudu masak nggo keluargane Bu
Sinta. Mbok Jum kejone apik lan disiplin.
Ora kroso
Mbok Jum kerjo ning gone Bu Sinta wes sesasi. Kerjaane Mbok Jum apik lan
disiplin. Mergo seminggu ngkas arep riyaya, Mbok Jum ijin ning gone Bu Sinta
yen wonge arep mudik ning riyaya tahun iki. “Bu Sinta kula badhe nyuwun ijin
mudik teng desa kula, angsal nggih buk”. Ijine Mbok Jum. “Inggih Mbok Jum
panjenengan angsal mudik, ananging patang dina sadurunge riyaya nembe angsal
mudik lan seminggu sawise riyaya kudu balik teng mriki melih nggih Mbok Jum”.
Omonge Bu Sinta. “Inggih Bu Sinta matur suwun”. Sawise ijin arep mudik, Mbok
Jum balek neh kerjo koyok biasane.
Patang dina
sadurunge riyaya akhire teko. Mbok Jum tangi isuk mergo kudu nyiapke
barang-barang sing arep digowo mudik. Sadurunge mudik, Mbok Jum wes ngebarne
kabeh kerjaane, contone yo masak, umbah-umbah, lan liya-liyane. Sadurunge
mudik, Mbok Jum ngabari pak Bejo ning kampung. “Assalamualaikuk pak”. Salame
Mbok Jum. “waalaikumsalam, enek opo buk kok nelpon?”. Jawabe pak Bejo. “anu
pak, iki arep mudik pak iki wes siap-siap”. “o iyo buk, ati-ati ya buk”. “ya
pak, yowes yo pak ngono tok aku yo arep pamit karo Bu Sinta, assalamualaikum”.
“waalaikumslam”. Mbok Jum terus pamit karo Bu Sinta. “Bu Sinta kula ajeng pamit
mudik”. Mbok Jum pamit. “nggih mbok jum, niki wonten THR ngge sangu teng
kampung”. Omonge Bu Sinta. “o nggih matur suwun bu Sinta”. “mama kan teng
garasi niku wonten motor nganggur mboten dienggi, menawi motor niku saget
disilehaken kangge Mbok Jum pripun”. Omonge Bella, anake Bu Sinta. “o iyo nak
bener kuwi, timbang nganggur motore ning garasi ben digowo Mbok Jum wae”. “mama
motore kula pendet teng garasi riyen nggih”. “o iyo nak, mesisan karo jupuk
helm pisan ya”. “nggih buk”. Jawabe Bella. Bella terus jupuk motore kuwi ning
garasi. Saksuwene ngenteni motore dijupuk Bella, Mbok Jum ngucapke roso matur suwun
kanggo Bu Sinta mergo wes menehi THR lan motor. “matur suwun nggih Bu Sinta,
kula pun diparingi THR tapi tesih disilihi motor kangge mudik”. Mbok Jum
ngucapke matur suwun. “yo Mbok Jum sami-sami”. Bella teko jupuk motor saka
garasi. “Mbok Jum niki motore”. Bella omong. “yo non Bella, nggih pun Bu Sinta
kula ajeng pamit riyen matur suwun sanget nggih bu Sinta, monggo Bu Sinta, non
Bella”. Pamite Mbok Jum. “nggih monggo Mbok Jum, ati-ati nggih”. Jawabe Bu
Sinta karo Bella.
Sawise
pamit karo Bu Sinta, Mbok Jum langsung budal mudik menyang desane. Perjalanan
nganggo motor luwih cepet timbang numpak bis, mergo yen numpak bis dalan nek
pas riyaya macet nanging nek numpak motor iso nyelip ning dalan sing cilik. Yen
biasane nek numpak kiro-kiro iso 3 jam perjalanan, nanging nek numpak motor muk
butohne wektu 2 jam. Akhire Mbok Jum teko omah bar maghrib.
“Assalamualaikum
pak’e”. Salame Mbok Jum. “waalaikumsalam buk, la iki motore sopo buk?”. Takone
pak Bejo. “iki motor nek nyilehi Bu Sinta pak, ya mergo gak tau dienggo ngono
jare”. “o ngono apikan yo wonge Bu Sinta, yowes buk dang solat maghrib sik bar
kuwi dang leren sek sampean, kan kesel to perjalanan ko Yogja kan adoh to,
nyileh kunci motore aku arep jajal motore”. “iki pak kuncine, yowes pak tak
leren sik ya”.
Sauntara
Mbok Jum leren, pak Bejo jajal motor kuwi. Pak Bejo muter-muter nganggo motor
kuwi. Mergo ora duwe motor, pak Bejo seneng numpak motore. Pak Bejo muter-muter
ning desane karo pamer yen ngakune motor kuwi anyar lan ngaku motore dewe. Pas
enek wong ronda, pak Bejo nekani wong-wong kuwi. “bapak-bapak, motor anyar ki”.
Pak Bejo pamer karo wong ronda. “dek kapan pak Bejo tekone?”. Takone wong
ronda. “lagek dek sore mau, yowes bapak-bapak tak muter-muter meneh”. Pak Bejo
muter-muter meneh mamerne motore karo wong liyane.
Mergo
kakean pamer lan kemlinti, pas arep mulih menyang omah pak Bejo lewat dalan
sing peteng lan sepi. Pak Bejo ditutne wong saka mburine. Wong sing ngetutne
kuwi mepet pak Bejo lan ngendekna motore pak Bejo. “gowo rene motore”. Omonge
begal kuwi. “ojo pak ojo, iki motor nek nyileh pak”. Pak Bejo karo jaluk yen
ojo jaluk motore. “ora mikir aku, penting gowo rene motore”. Akhire begal kuwi
jaluk motore pak Bejo. Pak Bejo nangis lan getun. “umpama aku ora gowo motor
kuwi lan aku ora pamer, paling motor kuwi ora kebegal”.
Pak Bejo
nangis mergo motore sing disilihi Bu Sinta kae dibegal karo wong. Pas pak Bejo
nangis, enek tonggone pak Bejo sing lewat. “pak bejo, enten nopo kok
panjenengan nangis”. Takone tonggone pak Bejo. “motor kulo dibegal pak, tek
motor niku nek nyilihi pisan”. Jawabe pak Bejo. “sing sabar ya pak, iki ujian
dateng Gusti Allah, yowes pak ayo kula terne wangsul teng dalem panjenengan”.
“inggih matur suwun”. Pak Bejo diterne mulih karo tonggone.
Akhire pak
Bejo teko omah. “Assalamualaikum buk”. Salame pak Bejo. “waalaikumsalam, nyapo
pak nyapo kok sampean diterne lan bapak kok nangis”. Jawabe mbok Jum. “anu buk
motore dibegal buk”. “la piye pak iso kebegal kuwi”. “anu buk kan aku pas lewat
dalan sing peteng lan sepi, aku ditutne wong saka mburi terus motore dijaluk”.
“piye ki pak tek motor kuwi nek nyilihi bu Sinta pisan, aku bingung pak nek sok
mben balek rono motore ilang dibegal terus aku piye”. “yowes buk sabar wae
mugo-mugo iso temu”. “temu piye pak lawong wes dibegal ngono kok mosok arep
dibalekne”. “ya donga wae, yowes buk iki wes bengi ayo dang turu, sesok wae
dipikirne”.
Sesoke mbok
Jum ngebel Bella yen motore ilang. “Assalamulaikum”. Salame mbok Jum.
“waalaikumsalam, wonten nopo mbok Jum?”. Jawabe Bella. “ngene non Bella motore
sing disilihi kae ilang, mbok Jum nyuwun tolong golekne motore, kan non Bella
duwe konco sing pinter kae dadi menowo iso goleki motore kae, tapi ojo omong bu
Sinta ya aku wedi nek diseneni”. “inggih mbok Jum kula kalih rencang-rencang
ajeng goleki motor niku”. “matur suwun ya non Bella, yowes ya no Bella,
wassalamualaikum”. “waalaikumsalam”.
Sawise
diomongi yen motore ilang, Bella langsung ngomongi koncone yaiku Arif karo
Vito. “assalamualaikum rif, iki kan motore mama sing disilihne mbok Jum ilang
kebegal, piye awake dewe nyusun rencono ben motor kuwi balik meneh”. Salame
Bella. “waalaikumsalam, la piye carane Bel?”. Jawabe Arif. “sing penting we
rene sik, dibahas ning kene wae, yowes tak enteni tekomu, mesisan omongi vito,
wassalamualaikum”. “waalaikumsalam”.
Akhire Arif
karo Vito teko ning omahe Bella. Bella, Arif, lan Vito nyusun rencono piye ben
motore kuwi iso balek meneh. Akhire wong telu kuwi gawe rencono arep mancing
tukang begal kuwi bengi kuwi sawise gawe rencono.
Akhire
bengi kuwi teko, Vito numpak motor nglewati dalan peteng lan sepi sing motore
pak Bejo kebegal. Vito numpak motor alon-alon ben tukang begal kuwi ngetotne.
Terus Vito ditutne tukang begal kuwi saka mburi. Motore Vito sing dienggo kuwi
dijaluk. Nanging ben ngerti motore kuwi digowo ning ngendi, motore kuwi
dipasang GPS ben iso nglacak panggonane motor kuwi. Vito ngebel Bella. “Bel
dang rene, motore wis digowo tukang begal”. Omonge Vito. “iyo rif aku rono”.
Omonge Bella. Akhire Bella karo Arif teko ning gone Vito karo ngajak pak Polisi.
“Vit piye motore digowo ning ndi?”. Takone Bella. “yo delok ning hp-mu kan
motore kuwi wes dipasang GPS dadi iso delok ning ndi motor kuwi digowo”. Omonge
Vito. “o iyo bener yo”.
Akhire
Vito, Bella, Arif, karo pak Polisi moro ning pangkalane tukang begal kuwi. “ojo
obah, junjung tanganmu”. Omonge pak Polisi. Akhire tukang begal kuwi iso
dicekel ning pangkalane. Untunge motor Bu Sinta sing disilihne mbok Jum lan
motore Vito iso balik meneh.
BERKOMENTARLAH DENGAN BAIK
BUDAYAKAN KOMEN SETELAH MEMBACA
BERKOMENTARLAH SESUAI TOPIK EmoticonEmoticon